Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bersih Sendang Lawang

Bersih Sendang Lawang

Magelang, www.jogjatv.tv – Warga Dhusun Ngentak , Desa Sumber , Kecamatan Dukun , Kabupaten Magelang,  Jawa Tengah nggelar upacara Bersih Sendang Lawang. Warga ingkang ngestreni upacara bekta sesaji, antawisipun tumpeng jangkep lawuhipun sarta asil wulu wedaling bumi dhateng sendang. Upacara kawiwitan dedonga sesarengan, kalajengaken kirab, ngarak tumpeng cacah 70 lan asil wulu wedaling bumi, saking sendang tumuju bale dhusun ingkang tebihipun 2 kilometer. Sasampunipun kirab warga dedonga sesarengan dhateng balai dusun. Pangrasuk Agama Islam dzikiran lan  tahlilan dene Umat Katolik dedonga miturut kapitadosanipun.  Sasampyunipun dedonga, warga lajeng dahar kembul. Miturut sesepuh warga, Wiryanto, Bersih  Sendang Lawang inggih wujud pratelan raos  syukur awit sih nugraha gusti ingkang hakarya jagat, awit  lestarining toya sendang.

Upacara bersih sendang lawang inggih salah satunggaling kupiya warga salebeting njagi  lestarining sumber toya. ( Yuki Pramudya )

Share this with friends

Comments are closed.