Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kabupaten Sragen Nampi Piala Adipura Buana

Kabupaten Sragen Nampi Piala Adipura Buana

Sragen, www.jogjatv.tv – Kabupaten Sragen taun samangke,kasembadan nampi tandha  pangalembana, piala adipura. Awit saking punika, Kabupaten Sragen, inggih  satunggal-satunggalipun kabupaten ing Eks Karisedanan Surakarta ingkang kasembadan mboyong Piala Adipura Buana.

Minangka pratelan raos syukur, sasampunipun kasembadan nampi Piala Adipura Buana, Pemerintah Kabupaten Sragen, Jawa Tengah, nggelar kirab budaya, ngarak piala adipura, bidhal saking  Pendhapi  Rumah Dinas Bupati tumuju Alun-Alun Kabupaten Sragen.

Sasampunipun 15 taun, wusananipun  Kabupaten Sragen, kasembadan mboyong malih Piala Adipura Buana. Piala kasebat mligi dipun pasrahaken tumrap kota  utawi kabupaten, ingkang saged nglarasaken kawontenan sosial lan wewengkon, kangge mujudi papan padunungan ingkang murwat  dene warganipun ugi tumemen njagi resiking wewengkon.

 

Samangke Kabupaten Sragen nampi Piala Adipura Buana awit saged ndayakaken laladan cengkar dados subur, dhateng saleripun Bengawan Solo dene warganipun ugi  tumemen ngemonah uwuh.

 

(Heru Kristiyanto)

 

Share this with friends

Comments are closed.