Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gladhen Nyablon Kaos Motif Candi Plaosan

Gladhen Nyablon Kaos Motif Candi Plaosan

Klaten, www.jogjatv.tv – Kangge ndayakaken warga sakiwa tengen Candi Plaosan, Balai Pelestarian Cagar Budaya (BCB)  Jawa Tengah ngadani gladhen nyablon, tumrap para muda ing Desa Bugisan Prambanan Klaten. 10 dinten pungkasan, para muda ing Desa Bugisan, Prambanan, Klaten, tumut gladhen nyablon ingkang dipun adani salebeting progam  kemitraan antawisipun BPCB Jawa Tengah kaliyan masyarakat. Para muda dipun gladi ndayakaken kreatifitas lumantar  seni gambar sablon  kaos sarta media sanes, antawisipun gelas, cangkir lan piring , kanthi maneka motif, antawisipun kaos Motif Relief Candi Plaosan ingkang reginipun   Rp.60.000,00 saben iji.

Miturut Kepala BPCB Jawa Tengah, Tri Hartono, gladhen sablon kaos Motif Candi Plaosan mengku ancas kangge ndayakaken warga  sakiwa tengen Candi Plaosan ingkang ing tembe kaajab badhe ndayani mindhakipun karaharjan warga.  Taun kapengker, BPCB ugi ngadani gladhen mbatik motif  Candi Sojiwan ing  Desa Kebondalem Kidul Prambanan, Klaten.

 

(Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.