Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gebyar Shalawat

Gebyar Shalawat

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Mahargya Maulid Nabi Muhammad SAW, Kelompok Kerja Madrasah Raudhatul Athfal (KKMRA) Sa DIY, nggelar Gebyar  Shalawat ing  Gelanggang Olah Raga Amongrogo Ngayogyakarta. Kridha kasebat dipun estreni dening ewonan Siswa Raudhatul Athfal sa DIY.

Gebyar Shalawat Rodhatul Athfal sa DIY kapantha miturut kabupaten. Saben kelompok, shalawatan sesarengan. Para siswa katingal greget mupu lomba kasebat.

Miturut ketua panitia, Sri Hadiyati, ancasipun nggelar Gebyar Shalawat kangge mahargya pengetan  Maulid Nabi Muhammad SAW sarta kangge wadhah silaturahmi antawisipun siswa lan guru Raudhatul Athfal sa DIY. Saben Raudhatul Athfal saking kota lan kabupaten ing DIY ngintunaken wakilipun kangge mupu lomba ingkang saweg sepisanan dipun gelar punika. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.