Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gagal Panen Njalari Regi Lombok Awis

Gagal Panen Njalari Regi Lombok Awis

Bantul, www.jogjatv.tv – Kathahipun pategalan lombok ingkang katerak sesakit njalari produksi lombok ing Kabupaten Bantul anjlok. Tundhanipun regi lombok saya awis. Dinas Perindagkop mawas regi lombok taksih limrah lan dereng perlu wontenipun operasi pasar.

Kepala Bidang Perdagangan Disperindagkop Bantul, Sahadi Suparjo mratelakaken, ngantos samangke regi sawetawis komoditas kadosta lombok lan sayur sampun mindhak awis. Kawontenan punika inggih jalaran kawontenan cuaca ingkang boten kantenan satemah kathah taneman lombok ingkang katerak sesakit. Tundhanipun pasokan lombok randhat lan winates satemah regi lombok mindhak sakalangkung awis. Sinaosa makaten Disperindagkop dereng badhe nindakaken operasi pasar, awit reginipun taksih kapetang limrah.

Samangke dhateng sawetawis peken, regi lombok rawit abrit ngantos sewidak ewu rupiyah saben kilo. Sinaosa reginipun awis  nanging pasokan kawawas taksih aman lan nyekapi. Samangke lombok kedah masok saking tlatah Wonosobo sarta Karanganyar Jawa Tengah.  Miturut pandugi kalih ngantos tigang minggu ngajeng regi badhe wangsul popog malih awit para petani lombok ing Gunung Kidul tumapak wanci panen. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.