Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Festival Dolanan Anak Tradisional

Festival Dolanan Anak Tradisional

Sleman, www.jogjatv.tv – Gangsal welas  kelompok lare , wakil saking desa lan kampung wisata saking kabupaten kota sa wewengkon DIY, tumut Festival Dolanan Anak Tradisonal 2016. Saben kampung wisata ngutus  3 kelompok lan  saben kelompok cacahipun tiyang 20. Festival samangke dipun gelar dhateng Desa Wisata Pulesari Wonokerto , Turi , Sleman. Wonten 2  jinis lomba ingkang dipun  gelar inggih punika balap bakiak lan lomba seni pertunjukan dolanan anak. Kangge lomba bakiak , satunggal regu cacahipun tiyang tiga. Kajawi rebat unggul tumuju finish, pamupu lomba ugi edah ngangge busana tradisional lan  damel  yel-yel. Tumrap regu ingkang sasab badhe nampi pangalembana tim tervorit.

Pamupu seni pertunjukan inggih lare-lare ingkang umuripun kirang saking  14 taun lan kedah mitontonaken setunggal  dolanan tradisional wajib  inggih  dolanan jamuran sarta satunggal dolanan pilihan antawisipun cublak-cublak suweng , ancik-acik alis , tri legendri lan saleghat, dipun iringi alat musik tradisional .

Kajawi mengku ancas kangge njurung regenging jagat pariwisata lan ndayakaken kaskaya desa wisata sarta kuliner lan wisata alam, ing DIY,  kridha ingkang saweg sepisanan dipun gelar punika ugi dados kalodhangan kangge  nuwuhaken raos tresna dhateng seni tradisi tumrap para  muda ing jaman globalisasi samangke. ( Heri Susanto )

Share this with friends

Comments are closed.