Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

El Nino Njalari Awis-Awis Jawah

El Nino Njalari Awis-Awis Jawah

Bantul, www.jogjatv.tv – Miturut pandugi Badan Meteorologi Klimatologi dan Geofisika Yogyakrta, wulan Januari samangke, Daerah Istimewa Yogyakarta tumapak pucak mangsa rendheng. kasunyatanipun sawetawis weengkon iring kidul, hawanipun sakelangkung benter. kawontenan kasebat awit pangaribawa badai el nino ingkang tumempuh ing Samudera Indonesia .

Miturut Kepala Pelaksana BPBD Bantul Dwi Daryanto,samangke Kabupaten Bantul, mliginipun iring kidul, kaperbawan badai el nino awit ing iring kidul tlatah Kabupaten Bantul awis-awis jawah dene hawa ugi sakelangkung benter cengkah kaliyan ramalan BMKG, Mesthinipun samangke Bantul sampun tumapak pucak mangsa rendheng nanging kasunyatanipun awis-awis jawah, namung grimis sekedhap. Awit saking punika, BPBD ngajab supados masyarakat waspada dhateng kawontenan kasebat awit badhe njalari komoditas pertanian gagal panen lan mangaribawani tumrap kasarasan.

Miturut Dwi Daryanto, jalaran jawah dereng waradin pramila warga Bantul iring kidul kangelan nyekapi kabetahan toya resik. Awit saking punika, pehakipun nyamektakaken armada tangki kangge droping toya. Taun 2016 samangke, BPBD Bantul ugi nampi   tambahan anggaran kangge droping toya. Taun 2015 kapengker Rp 50 yuta samangke mindhak dados Rp 60 yuta. (Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.