Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bisnis Media Jamur

Bisnis Media Jamur

Klaten, www.jogjatv.tv – Kathahipun petani jamur tiram lan jamur kuping dados satunggaling kalodhangan pakaryan mirunggan, inggih punika tumrap perajin bag log media tanam jamur. Kanthi nanjakaken limbah grajen, tetela perajin bag log saged nampi omset ngantos puluhan yuta rupiyah ing saben wulanipun.

Saya kathahipun warga ingkang remen asil olahan tetedhan saking jamur, njalari ing Klaten Jawa Tengah saya kathah petani jamur. Bab punika dados satunggaling kalodhangan mirunggan tumrap perajin media tanam jamur utawi bag log. Kadosta salah satunggalipun perajin ing Desa Karangduren, Kecamatan Kebonarum, Klaten Jawa Tengah, Subardi.

Cara damel bag log inggih prasaja. Maneka bahan kangge damel bag log kadosta grajen, katul sarta dolomite dipun campur lan dipun tambahi toya sacekapipun. Sasampunipun dipun lebetaken dhateng plastik, salajengipun dipun press mawi mesin supados langkung madhet, dipun kunci mawi kethokan pralon, lan dipun oven sadanguning wolung jam kanthi suhu 100 derajat celsius. Sasampunipun dipun oven, nuli dipun dhem sadanguning 24 jam nuli dipun tanemi bibit jamur. Lampah inkubasi dipun betahaken sadanguning tigang minggu lan bag log sampun cumawis dipun kintunaken dhateng petani. Saben bag log reginipun Rp 1.800,00 lan saben minggu saged ngasilaken kalih ewu bag log dene panyadenipun kangge nyekapi welingan saking Klaten lan Ngayogyakarta.

Camat Kebonarum, Djoko Purwanto nyengkuyung dhateng kiprah warganipun lan ngajab pandameling bag log ing Desa Karangduren badhe dados papan pasinaon percontohan ingkang tundhanipun saged kangge nyuda kathahing pengangguran ing Klaten ,Jawa Tengah. (Sri Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.