Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Dungkap Ramadhan, Pemkab Nyemak Regi Sembako

Dungkap Ramadhan, Pemkab Nyemak Regi Sembako

Sleman, www.jogjatn.tv – Kangge mangertosi  pasudiyan lan regi bahan pangan, dungkap  Ramadhan, petugas dinas Pemkab Sleman, dinten Rebo (1/6) enjing, nyemak regi sembako dhateng Peken Tradisional Godean, Sleman.

Miturut sawetawis kadang bakul Peken Tradisional Godean, dungkap Ramadhan pasudiyan  bahan pangan cekap dene pasokanipun ugi rancag. Awit saking punika, regi  sawetawis komoditas bahan pangan popog. Uwos  I-R 36 reginipun RP.8.500,00  saben kilo, lisah goreng reginipun RP.12.500,00 saben liter, lombok rawit Rp.20.000,00 saben kilo dene regi daging lembu popog  Rp.120 ewu saben kilo.  Kosok wangsulipun, samangke regi daging ayam mindhak, sakawit Rp.29.000,00 mindhak dados Rp 32.000,00  saben kilo.

Salebeting kalodhangan ingkang sami,  Bulog DIY, ugi nggelar Operasi Pasar Sembako ing Peken Godean. Miturut Petugas Pemasaran Bulog DIY, Petrus Yosep Pratikto, operasi pasar dipun tindakaken kangge  nyemak pasudiyan lan regi  sembako, dungkap Wulan  Siyam samangke.

Miturut Petrus, operasi pasar badhe dipun tindakaken sadanguning sewulan dhateng peken- peken tradisional ing wewengkon. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.