Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bakti Seni Masyarakat

Bakti Seni Masyarakat

Sleman, www.jogjatv.tv – Padepokan Sekar  Jagad Ngayogyakarta nggelar kridha Bakti Seni Masyarakat ing Padukuhan Mutihan, Desa Madurejo, Prambanan, Sleman, dinten Selasa (31/5). Salebeting kalodhangan kasebat dipun gelar Sendratari Roro Jonggrang Ingkar Janji lan Sendratari Hanoman Mahawira.

Pagelaran Sendratari Roro Jonggrang, damel kepranan atusan pamirsa ingkang   nyemak  saben adegan kepara ngantos tuwuh raos trenyuh. Sinaosa grimis, tetela boten nyurudaken gregeting pamirsa,  ningali pagelaran ngantos purna.

Miturut Ketua Padepokan Sekar Jagat,Totok, Bakti Seni Masyarakat mengku ancas kangge nglipur masyarakat ugi minangka tandha pangalembana lan  suka wadah tumrap generasi muda, ndayakaken  kasagetan salebeting kridha olah seni.Bakti Seni kaajab sageda  njurung wiranem handarbeni  kagunan budaya mliginipun seni tari lan karawitan.

Miturut Totok, menawi kesenian tradisional boten dipun leluri lan dipun rembakaken dipun kuwatosaken badhe kadhesuk  budaya ngamanca ing madyaning jaman  modern  jalaran lare-lare jaman samangke langkung remen ngginakaken dolanan modern pramila kirang nresnani  budaya tradsisional. Awit saking punika, Bakti Seni Masyarakat badhe dipun gelar kanthi ajeg dhateng saben  kampung  pramila  betah panyengkuyung saking maneka pehak,  masyarakat, pemerintah punapa dene pelaku seni, amrih rancaging kridha. ( Purwanto )

 

Share this with friends

Comments are closed.