Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Diskusi Cagar Budaya Lan Museum DIY

Diskusi Cagar Budaya Lan Museum DIY

Yogyakarta www.jogjatv.tv — Dewan Kebudayaan lan Dinas Kebudayaan DIY, malem Rebo (20/9) nggelar sarasehan sesirah Cagar Budaya Dan Museum Dalam Strategi Kebudayaan Yogyakarta, mapan dhateng Pendhapi Gamelan Ngayogyakarta. Kridha punika dipun gelar inggih awit tuwuhipun raos kuwatos jalaran taksih kirangipun kawigatosan dhateng cagar budaya. Ketua Ikatan Ahli Arkeologi Indonesia (IAAI) Komda DIY dan Jateng Wahyu Indrasana mratelakaken, kangge memetri budaya ngantos samangke taksih kathah nemahi pepalang , salah satunggalipun inggih punika maneka perkawis wiwit saking icalipun benda cagar budaya awit dipun pandung kamangka panjagan keamanan sakalangkung kiyat, perusakan cagar budaya, kathah cagar budaya ingkang mboten kopen, memetri budaya nanging ngiwakaken prinsip pelestarian sarta taksih kirangipun kawigatosan dhateng cagar budaya. Perkawis punika dados pepalang kangge lampah pelestarian kejawi ugi taksih winatesipun piranti kangge penetapan cagar budaya satemah kathah cagar budaya ingkang dereng dipun tetepaken lan ugi ical dipun pandung. Benthik antawisipun pranatan lan undhang-undhang ugi dados perkawis mirunggan. Penetapan cagar budaya inggih dados wewenangipun kabupaten lan kota satemah kangge pelestarian budaya betah wontenipun patembayatan saking maneka pehak amrih cagar budaya saged dipun pepetri kanthi satrepipun.

Priyomustiko, warganing Dewan Kebudaayan DIY Bidang Museum mratelakaken,  DIY kawentar minangka wewengkon kanthi situs-situs kebudayaan lan kepurbakalaan. Maneka kagunan seni budaya inggih taksih lestari lan nampi pangalembana saking ngamanca. Wontenipun museum ing DIY inggih dados bab ingkang mathis  awit museum saged dados rumah kebudayaan lan peradaban adiluhung nuswantara ngiras suka seserepan tumrap sinten kemawon bab sejarah, kabudayan lan panggesangan masyarakat. Wonten puluhan museum ing DIY ingkang manunggal salebeting Asosiasi Museum Indonesia Daerah Yogyakarta ‘Barahmus’. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.