Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Akte Kelahiran, Wigati Tumrap Lare

Akte Kelahiran, Wigati Tumrap Lare

Klaten, www.jogjatv.tv – Sosialisasi bab wigatinipun akte kelahiran tumrap masyarakat taksih kirang pramila ngantos samangke kathah lare ing Indonesia dereng gadhah akte kelahiran.  Akte inggih salah satunggaling hak dasar tumrap lare lan dokumen ingkang absah kangge nedahaken identitas lare awit saking punika, betah patembayatan ing antawisipun maneka pehak kangge  mbiwarakaken lan mbiyantu amrih gampilipun pados akte kelahiran .

Bab kasebat dipun andharaken dening Koorcab Persit Kartika Candra Kirana Korem 074 Warastratama Surakarta, Paulina Maruli Simanjuntak , dipun ampingi dening Ketua Cabang Persit Kodim 0723 Klaten Intan Bayu, nalika rawuh dhateng Panti Asuhan YPBT Gayamprit, Klaten, Jawa Tengah. Paulina Maruli Simanjuntak mratelakaken, akte kelahiran tumrap lare sakelangkung wigati, awit akte kelahiran mujudaken salah satunggaling hak dasar tumrap lare.  Menawi sakawit wonten  55 yuta lare ingkang dereng gadhah akte nanging samangke sampun suda, dados  35 yuta lare.   Sudanipun cacahing lare ingkang boten gadhah akte inggih awit tumemenipun pemerintah nyekapi hak dasar lare, antawisipun akte kelahiran.  Wonten ing kalodhangan kasebat ugi dipun pasrahaken  bantuwan dhateng panti sarta nagyinaken lare panti ingkang sampun gadhah  akte kelahiran, awit lare-lare panti asring kalirwakaken ing babagan administrasi kependudukan. Kaajab maneka pehak tansah memitran kangge biwara pados akte kelahiran gampil, mliginipun tumrap  kelompok lan warga ingkang rentan administrasi kependudukan  .

Pangarsa  Panti Asuhan YPBT Gayamprit, Sri Rejeki mratelakaken sedaya lare ing pantinipun sampun gadhah akte kelahiran. Miturut Rejeki akte kelahiran wigati sanget tumrap lare ing tembenipun. Ngantos samangke  wonten  50 lare ing panti asuhanipun ingkang nampi jaminan kesehatan, lan namung welasan lare ingkang dereng gadhah jaminan kesehatan, BPJS. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.