Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Disbudpora Nggelar Festival Dhalang

Disbudpora Nggelar Festival Dhalang

Purworejo, www.jogjatv.tv – Kanthi ancas kangge ngangkat dhalang lokal, Pemkab Purworejo lumantar Disbudpora, nggelar Festival Dhalang. Lampahing festival dipun kepyakaken dening Bupati Purworejo, Agus Bastian, dinten Senen (17/10) siyang mapan ing Gedung Kesenian Sarwo Edie Wibowo.  Festival dhalang ingkang saweg sepisanan dipun gelar dening pemkab lumantar Disbudpora Purworejo punika dipun estreni dening dhalang lokal Purworejo. Festival dalang samangke mengku ancas kangge mitontonaken kasagedanipun  para dhalang ing Purworejo sarta kangge njurung masyarakat supados greget memetri seni pedhalangan minangka budaya adiluhung tilaranipun leluhur.

Salebeting festival dhalang samangke, salah satunggaling dhalang saking Wirun, Ki Muji Waluyo mbabar lampahan Maheso Suro Lembu Suro. Kepala Dinas Pendidikan Pemuda dan Olah Raga  Wuryanto mratelakaken, pamupu festival dhalang samangke wonten 16 dhalang saking Purworejo. Festival dipun  gelar 3 dinten, kanthi dewan juri dhalang Ki Jumari saking Boyolali, Ki Susilo Handoyo saking Magelang, lan dhalang saking Sukoharjo. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.