Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Cuaca Mboten Kantenan, Petani Sata Kapitunan

Cuaca Mboten Kantenan, Petani Sata Kapitunan

Klaten, www.jogjatv.tv – Cuaca awon sawetawis wulan pungkasan, njalari para petani sata ing Klaten, Jawa Tengah was sumelang . Bab wau awit kathahing jawah njalari taneman sata alum lan pejah, tundhanipun petani nandhang kapitunan ngantos yutan rupiyah.

Sinaosa dereng wancinipun panen, saperangan taneman sata ing  Desa Palar, Kecamatan Trucuk, Klaten, Jawa Tengah dipun bedholi dening para petani. Taneman sata ingkang umuripun saweg sewulan setengah pejah, jalaran kembengan toya sawetawis dinten pungkasan. Taneman sata kasebat badhe dipun rombak kangge nanem pantun. Ing mangsa tanem samangke,  atusan petani sata ing tlatah Klaten, Jawa Tengah nemahi gagal panen awit pangaribawan kawontenan cuaca ingkang mboten kantenan. Petani nandhang kapitunan ngantos Rp.4 yuta saking saben pathok sabin.

Kangge nyuda kathahing kapitunan, petani mendheti ron sata ingkang taksih sae. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.