Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Disbudpar DIY Gelar Macapatan Massal

Disbudpar DIY Gelar Macapatan Massal

Yogyakarta, www.jogjatv.tv –Dinas Kebudayaan Dan Pariwisata DIY, nggelar macapatan massal dhateng pendhapi Kantor Dinas Kebudayaan Dan Pariwisata Daerah Istimewa Yogyakarta.

Macapatan dipun estreni dening paguyuban macapat saking kabupaten, kota sa wewengkon DIY,  Kabupaten Sleman, Bantul, Kulonprogo, Gunung Kidul lan Kota Yogyakarta sarta tamu saking Mojokerto, Jawa Timur dene cacahing pasarta tiyang 400.

Nalika maos sekar macapat kairing beksan ingkang nyariyosaken papranganipun satunggaling pangeran kaliyan satunggaling putri , kangge nedahaken prasetaynipun.

Dinas Kebudayaan Dan Pariwisata DIY, ngajab kridha kasebat sageda dados pamecut tumrap para muda supados greget ngleluri kagunan seni budya amrih lestari. Miturut Kasi Bahasa Dan Sastra Dinas Kebudayaan DIY, Dwiyanto Budi Utomo, ing tembe pehakipun badhe nggelar macapatan missal tumrap siswa SMP lan SMA sarta mahasiswa.

( Tim Liputan )

Share this with friends

Comments are closed.