Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Cecawisan Tumuju Kabupaten Inklusi

Cecawisan Tumuju Kabupaten Inklusi

Klaten, www.jogjatv.tv – Dinsosnakertrans Klaten tembayatan kaliyan Yayasan Sosial Karina Kas Indonesia ngadani diskusi, Menuju Kabupaten Klaten Inklusi. Diskusi dipun estreni dening pimpinan SKPD, Palang Merah Indonesia lan sawetawis  pimpinan rumah sakit. Ancasipun supados gadhah pemanggih ingkang sami salebeting migatosaken panandhang disabiltas amrih rancaging pambangunan bangsa.

Kepala Bidang Sosial Dinsosnakertrans Klaten,  Dewi mratelakaken,Klaten inggih wewengkon ingkang sae piyambak Sa Soloraya lan Grobogan salebeting suka  fasilitas tumrap panandang disabilitas ing wewengkonipun. Ing babagan administratif, taun 2011,  Klaten sampun gadhah peraturan daerah bab kesetaraan, kemandirian dan kesejahteraan dene salebeting Peraturan Bupati nomor 28 tanggal 15 September 2016 kamot babagan partisipasi disabilitas dalam pembangunan di Kabupaten Klaten. Miturut Dewi jumbuh kaliyan pranatan wau, Pemerintah Kabupaten Klaten ugi nyawisaken  anggaran kangge ndayakaken panandhang disabilitas kanthi patembayatan kaliyan  Paguyuban Penyandang Cacat Klaten (PPCK). Kanthi wontenipun pranatan hukum  ingkang  gumathok lan cumawisipun  anggaran , panjangka kangge mujudi Kabupaten Klaten minangka Kabupaten Inklusi badhe tumuli kasembadan. Manager Program  Yayasan Sosial Karina Kas Indonesia, Pramono Murdoko mratelakaken, program kepedulian terhadap warga inklusi dipun lampahi wiwit sasampunipun tumempuh lindhu ageng taun 2006. Kalajengaken program rehabilitasi bersumberdayakan  masyarakat ingkang dipun tindakaken dhateng  saben desa ing  Kecamatan Karanganom. Program wau dipun lampahi kanthi ndhapuk tim RBM desa lan kecamatan, ndhapuk forum kader posyandu lan sanggar desa, ndhapuk Lembaga Keswadayaan Masyarakat lan koperasi difabel sarta ngawontenaken musrenbangdes tematik.

Staf Ahli Bupati Bidang Sumber Daya Manusia, Rony Rukminto mratelakaken, migatosaken panandhang disabilitas mboten namung dados tanggel jawab  Dinsosnakertrans kemawon nanging betah panyengkuyung saking  bebadan pemerintah lan pehak swasta. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.