Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Awisan Mbucal Uwuh Dhateng Lepen

Awisan Mbucal Uwuh Dhateng Lepen

Sleman, www.jogjatv.tv – Saking panyemak Bupati Sleman, Sri Purnomo, tetela lepen ing tlatah Sleman kathah ingkang kebak slangkrah. Awit saking punika, Bupati Sleman ngajab, supados tumapak mangsa rendheng samangke  warga grengseng reresik lepen  ing wewengkonipun piyambak-piyambak amrih rancaging ilining lepen lan kalis saking bena. Bupati Sleman ugi ngawisi  warga mbucal uwuh waton tansaya dhateng lepen awit  badhe jemberi wewengkon lan njalari bena. Amrih jejeging pranatan wau, Sri Purnomo  ngajab supados Badan Lingkungan Hidup (BLH) lan Sat Pol PP Sleman grengseng nindakaken razia pembuangan sampah liar sarta nandangi warga ingkang mbucal uwuh waton.

Miturut data ing kantor BLH Sleman, sadangunipun taun 2016 pehakipun tembayatan kaliyan petugas Sat Pol PP Sleman, sampun ngrangket  70 warga ingkang kadenangan mbucal uwuh dhateng papan awisan.  Warga ingkang nerak pranatan wau kedah napak asmani  surat kesanggupan tidak membuang sampah sembarangan dene tumrap ingkang sampun  napak asmani surat perjanjian nanging taksih mbucal uwuh malih dhateng papan awisan badhe kenging tindak pidana ringan-tipiring. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.