Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

BPBD DIY SIMULASI GLADI POSKO BENCANA TSUNAMI

BPBD DIY SIMULASI GLADI POSKO BENCANA TSUNAMI

Yogyakarta, DIY www.jogjatv.tv Badan Penanggulangan Bencana Daerah – BPBD DIY nggelar simulasi gladi posko bencana tsunami. Kridha punika inggih wohing koordinasi lintas instansi ing kabupaten kota kangge ngawekani tumempuhing musibah alam.

Suwanten sirene dados tandha tumempuhing tsunami ing Kabupaten Bantul. Kridha punika inggih wujud latihan gladhi posko ingkang dipun gelar Badan Penanggulangan Bencana Daerah – BPBD DIY dhateng Pusat Pengendali Operasi Penanggulangan Bencana-Pusdalops. Gladhi punika dipun estreni dening lintas instansi kabupaten kota, nyakup TNI, kepolisian, Dinas Sosial, tenaga medis ugi komunitas lan relawan. Salebeting gladhi, dipun gelar simulasi tumempuhing tsunami ingkang njalari risakipun infrastruktur lan nuwuhaken korban jiwa, ingkang kedah tumuli dipun tangani kanthi cepet lan trep. Kanthi dipun pandhegani dening TNI Angkatan Laut, salebeting koordinasi gladhi posko bencana tsunami punika ugi dipun gelar rapat koordinasi wiwit saking ngedegaken rumah sakit darurat, dapur umum,  operasi lan perencanaan kebutuhan.

Kanthi wontenipun gladi posko bencana tsunami kaajab pemerintah kabupaten kota badhe langkung siyaga nangani lan tanggap dhateng tumempuhing musibah alam. Miturut rantaman, BPBD DIY badhe nggelar gladi lapangan bencana tsunami dhateng Pesisir Trisik, Kulonprogo, ingkang badhe dipun sengkuyung dening langkung saking sewu pasarta.

Fauzan Ahmad

Share this with friends

Comments are closed.