Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

BIMBINGAN KARYA ILMIAH KANGGE PARA GURU

BIMBINGAN KARYA ILMIAH KANGGE PARA GURU

Klaten, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Kangge ngindhakaken kompetensi guru, dinten Rebo (21/10) siyang atusan guru lan kepala sekolah wiwit saking TK ngantos SMA SMK tumut bimbingan penulisan karya tulis ilmiah. Ngantos samangke taksih kathah guru ingkang kangelan damel karya ilmiah, awit awis-awis wonten pelatihan damel karya ilmiah.

Mapan dhateng gedung SMA Muhammadiyah 1 Klaten, atusan guru lan kepala sekolah tumut bimbingan gayut kaliyan penulisan karya ilmiah. Miturut Muzayin, Kabid PMPTK Dinas Pendidikan Kabupaten Klaten, bimbingan punika wigati kangge para guru lan kepala sekolah, kangge ngindhakaken potensi guru lan kepala sekolah. Tumrap guru bersertifikasi, pengembangan keprofesionalan berkelanjutan inggih bab ingkang wajib. Bimbingan punika ugi minangka persiapan dini ingkang dipun lampahi kangge lomba guru pengawas dan kepala sekolah berprestasi ingkang badhe dipun adani.

Miturut Panitia Penyelenggara Bimbingan, Maryanto, wonten watawis 380 pasarta para guru lan kepala sekolah saking tataran TK ngantos SMA utawi SMK negeri. Miturut Maryanto, ngantos samangke taksih kathah guru ingkang kangelan damel karya ilmiah, inggih awit awis-awis wontenipun pelatihan damel karya ilmiah.

Sri Haryadi

Share this with friends

Comments are closed.