Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Atlet Difabel Dipun Kirab

Atlet Difabel Dipun Kirab

Solo, www.jogjatv.tv – Atusan atlet berkebutuhan khusus Jawa Tengah ingkang tetandhingan salebeting Peparnas kaping gangsal welas, dipun kirab mubeng Kitha Surakarta. 14 Jeep Willys , bus lan minibus  dipun cawisaken dening Korem 074 Warastratama  kangge ngarak atusan atlet ingkang tumut Pekan Paralymlic Nasional (Peparnas) XV, ing Bandung. Kontingen Nation Paralympic Commitee  (NPC) Jawa Tengah kasembadan dados juara kalih.

Konvoi kasebat mengku ancas kangge nepangaken sarta wujud pangalembana awit kiprahipun para atlet difabel salebeting Peparnas XV amrih saya monjo prestasinipun ngantos ngamanca. Kirab bidhal saking Kantor NPC Jateng, Stadion Manahan langkung tumuju Kota Barat, Jalan Slamet Riyadi lan Gladag tumuju Makorem 074 Warastrama. Kontingen NPC Jawa Tengah  dados juara umum kalih salebeting Peparnas XV, sangandhapipun  kontingen Jawa Barat  lan kasembadan mboyong  195 medali, 68 medali emas, 72 medali perak  lan 55 perunggu .

Salajengipun para atlet difabel Jawa Tengah badhe cecawisan  Asean Paragames 2017,  ing Malaysia. ( Heru Kristianto )

Share this with friends

Comments are closed.