Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

70 Persen Margi Aspal Ing Sleman Dereng Jangkepi Syarat

70 Persen Margi Aspal Ing Sleman Dereng Jangkepi Syarat

Sleman, www.jogjatv.tv – Kawontenan margi ing tlatah  Sleman prasasat sae. Sinaosa makaten, margi ingkang dipun aspal ciyut pramila Pemkab Sleman kupiya miyaraken margi amrih rancaging arus lalu lintas.

Miturut Kepala Bidang Binamarga Dinas Pekerjaan Umum, Kabupaten Sleman, Mirzsa Anfansuri, jumbuh  Undang-Undang Jalan, wiyar margi tumrap jalan kabupaten, sabotenipun 11 meter dene wiyar margi ingkang dipun aspal sabotenipun  gangsal setengah  meter. Ewa semanten saking 699 setengah kilometer jalan kabupaten ing Sleman ingkang jangkepi  kriteria saweg 30 persen, pramila 70 persen ing antawisipun wiyar margi 9 meter dene ingkang dipun aspal 4 setengah meter. Tundhanipun arus lalu lintas dhateng sawetawis margi ing tlatah Sleman, asring macet. Awit saking punika, lon-lonan DPU Kabupaten Sleman badhe miyaraken aspal margi dene kangge ngawekani toya ingkang ngembeng nalika mangsa rendheng, pambangunan margi badhe dipun jangkepi drainase. Ancasipun supados sedaya margi ing Sleman nyekapi standar kelayakan,lan nyuda kemacetan.

Lampah miyaraken margi ing  Sleman, asring nemahi pepalang bab  pembebasan tanah. Awit saking punika, redana pambangunan margi kupiya dipun tikelaken. Menawi sakawit anggaran biaya pembangunan jalan ing Sleman gunggungipun  40 miliar rupiyah saben taun nanging wiwit taun  2016  dipun wimbuhi dados 70 miliar rupiyah saben taun lan anggaran taun ngajeng ugi badhe dipun tikelaken malih. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.