Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

38 Kube Nampi Bantuwan Alat Produksi Saking DPR RI

38 Kube Nampi Bantuwan Alat Produksi Saking DPR RI

Gunungkidul, www.jogjatvtv – Tumapak lampahing Masyarakat Ekonomi Asean (MEA), produk saking nagari anggota Asean jor-joran mlebet dhateng Indnesia, pramila mutu   produk UKM, kedah dipun indhakaken supados saged rebat unggul kaliyan produk ngamanca. Kangge njurung kridhaning UKM Anggota Komisi VI DPR RI saking Fraksi Demokrat, Ambar Cahyono suka bantuwan alat produksi dhateng 38 Kelompok Usaha Bersama (Kube) ing Kabupaten Gunungkidul, antawisipun alat pembuat pelet, bor tangan, pompa toya lan mesin jahit. Salebeting kalodhangan kasebat Ketua DPD IWAPI DIY Marsupriyani, amakili Ambar Cahyono ngajab supados masyarakat Gunungkidul njagi mutuning produksi lan greget makarya kangge ngindakaken mutuning produk supados saged rebat unggul kaliyan produk ngamanca.

Kepala Disperindagkop Gunungkidul, Hidayat nampi kanthi remen bantuwan saking Anggota DPR RI kangge Kube ing Gunungkidul lan kaajab sageda grengsengaken kridhaning Kube supados tansaya majeng. (Anjar Ardityo)

Share this with friends

Comments are closed.