Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Upacara Miyos Gangsa Sekaten Kraton Ngayogyakarta

Upacara Miyos Gangsa Sekaten Kraton Ngayogyakarta

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kraton ngayogyakarta Hadiningrat, malem Selasa Kliwon (5/12) nindakaken Upacara Miyos Gangsa Sekaten, saking kedhaton  tumuju Masjid Gedhe Kauman. Upacara miyos gangsa miwiti lampahing pahargyan Sekaten taun samangke.

Upacara  Miyos Gangsa inggih upacara mboyong miyosipun kalih  gangsa pusaka Kraton Ngaogyakarta, Kyai Guntur Madu lan Kyai Naga Wilaga dhateng Pagongan Masjid Gedhe Kauman. Lampah upacara punika inggih lampah upacara ingkang tansah dipun antu-antu dening masyarakat. Upacara Miyos Gangsa kawiwitan upacara nyebar udhik-udhik dhateng Bangsal Ponconiti.

Upacara Miyos Gangsa, katindakaken wanci jam sewelas ndalu. Gangsa Kyai Guntur Madu lan kyai Naga Wilaga, kaboyong miyos  dening  abdi dalem Kraton Ngayogyakarta. Salajengipun gangsa pusaka Kyai Guntur Madu dipun papanaken dhateng Pagongan Kidul dene gangsa pusaka Kyai Naga Wilaga dipun papanaken dhateng Pagongan Ler Masjid Gedhe Kraton Ngayogyakarta. Gangsa pusaka kekalih punika dipun tabuh sadangunipun seminggu, ngantos upacara Pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW.

Upacara miyos gangsa tansah dados punjer kawigatosan  ewonan warga Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun.  Upacara miyos gangsa dados tandha wiwitipun upacara Sekaten ingkang dipun regengaken pasar malem dhateng Alun-Alun Ler  Kraton Ngayogyakarta. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.