Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tanggul Code Risak

Tanggul Code Risak

Kota Yogyakarta,www.jogjatv.tv – Nalika mangsa rendheng kados samangke, warga bantaran lepen code, inggih punika ing Kampung Surokarsan, Wirogunan, Mergangsan, Ngayogyakarta kuwatos. Bab kasebat jalaran tanggul ingkang jebol awit bena ing wulan april taun kapengker ngantos samangke dereng dipun dandosi. Warga ngajab pemerintah tumuli saged ndandosi tanggul ingkang risak kasebat.

Nalika wulan april taun 2015, sawetawis kampung ing bantaran lepen code ketaman bena, antawisipun inggih Kampung Surakarsan, Wirogunan, Mergangsan, Kota Yogyakarta. Awit saking punika samangke warga tansah nikelaken kawaspadan. Sinaosa makaten, warga taksih rumaos kuwatos menawi dumados jawah deres, awit tanggul ingkang jebol taun kapengker, ngantos samangke dereng dipun dandosi. Warga ngajab pamarentah suka sosialisasi kangge ngawekani bena, mliginipun tumuli ndadosi tanggul ingkang jebol punika. Satemah nalika bena, toya lepen code boten mbludag dhateng kampung ing bantaran lepen.

Dene ing mangsa rendheng samangke, warga sampun nikelaken kawaspadan antawisipun kanthi ndhapuk kampung tanggap bencana, relawan lan ugi nanjakaken mergangsan radio community ( MRC ) kangge sesambetan lan nglapuraken dhateng Balekota. ( Twin Kumilah )

Share this with friends

Comments are closed.