Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

News tagged with:

"pawartos-ngayogyakarta"

Home

Pawartos Ngayogyakarta

Seni Anyam Tanah

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Seniman boten nate katelasan gagasan kangge inovasi karya. Tuladhanipun alumni ISI Yogyakarta, Asep Maulana Hakim, ingkang ngripta seni anyam tanah, damel maneka kerajinan kanthi nanjakaken lempung ingkang dipun nam. Asep Maulana damel maneka kerajinan ingkang mranani ingkang wujudipun kados nam-naman penjalin lan deling, kadosta tas, keranjang, lan pepethan kucing dene menawi... {...}

Continue Reading →

Regi BBM mandhap, regi sembako popog awis

Magelang, www.jogjatv.tv – Mandhapipun regi Bahan Bakar Minyak, dereng mangaribawani tumrap regi sembako ing peken tradisional Borobudur, Kecamatan Borobudur, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah. Regi kabetahan baku taksih awis, kepara wonten ingkang mindhak. Regi brambang sakawit Rp 30.000,00 rupiyah mindhak dados Rp 40.000,00 saben kilo. Regi bawang ingkang sakawit Rp 20.000,00 mindhak dados Rp 25.000,00 saben... {...}

Continue Reading →

Penyuluhan Bebaya Narkoba

Klaten, www.jogjatv.tv – Kodim 0723 Klaten tembayatan kaliyan Polres Klaten lan Rumah Sakit Jiwa dr. Soedjarwadi ngadani Penyuluhan Pencegahan, Pemberantasan Penyalahgunaan Dan Peredaran Gelap Narkoba. Kridha kasebat dipun estreni dening atusan warganing TNI lan PNS Kodim 0723 Klaten. Miturut Kasat Narkoba Polres Klaten, AKP Danang Eko Purwanto, pengguna narkoba ing Klaten taun 2015 andhap tinimbang... {...}

Continue Reading →

Es Krim Pot

Solo, www.jogjatv.tv –  Maneka kalangan masyarakat, temtu remen ngunjuk es krim awit lembut, lan miraos. Samangke ing sakiwa tengen Stadion Manahan, Solo, wonten bakul es krim pot. Es krim pot pancen nyleneh. Es krim kasebat dipun wadahi   pot alit dene gatraning es kados dene taneman ingkang dipun tanem dhateng pot, jangkep siti, pang lan cacing.  ... {...}

Continue Reading →

Warga Juwangen Natalan

Sleman,www.jogjatv.tv – Kerukunan antar umat beragama, ing padukuhan Juwangen RT satunggal, RW Satunggal, Desa Purwomartani, Kecamatan Kalasan Sleman, boten namung dados sesanti kemawon. Sampun 20 taun, warga wewengkon kasebat, mengeti hari besar keagamaan sesarengan. Natal bersama, ing padukuhan juwangen RT Satunggal, RW Kalih, Desa Purwomartani, Kecamatan Kalasan, Sleman, boten namung dipun estreni dening Umat Kristiani... {...}

Continue Reading →

Ringgit Ulam

Magelang, www.jogjatv.tv – Salah satunggaling seniman ing Magelang, Jawa Tengah, ngripta ringgit, ingkang gatranipun maneka jinis ulam. Elokipun, pegelaran ringgit ugi dipun tindakaken dhateng lepen, ancasipun kangge ngajak masyarakat, supados greget njagi ekosistem lepen. Satunggaling dhalang warganing komunitas lereng gunung merapi merbabu, Sujono Keron, ngadani pagelaran ringgit dhateng lepen tangsi pereng pareden menoreh, dhusun pongangan,... {...}

Continue Reading →

Pentas Seni Among Lare

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Komunitas njeron beteng, Kraton Ngayogyakarta, nggelar pentas seni tradisional, among lare 2016, sesirah seni rakyat merawat kota, mapan ing plaza ngasem. Ancasipun kangge memetri kagunan seni tradisional ing madayaning masyarakat supados boten kadhesuk pangrembakaning jaman modern. Miturut ketua panitia, cyprianus lilik krismantoro putromratelakaken, salebeting pentas seni among lare samangke, maneka kridha seni... {...}

Continue Reading →

Pados Uler Jati

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Tumapak mangsa rendheng uwit jati ing tlatah Gunungkidul katerak uler. Awit saking punika, kathah warga ingkang ingkang pados ungkrung lan uler jati, saperlu dipun sade punapa dene kangge konsumsi piyambak. Paneraking uler limrahipun njalari masyarakat ajrih. Kosok wangsulipun, paneraking uler jati dhateng sadengah tlatah ing Kabupaten Gunungkidul kepara bebatheni tumrap masyarakat. Awit... {...}

Continue Reading →

Lomba Baris Berbaris

Klaten, www.jogjatv.tv – SMA Negeri 2 Klaten nggelar lomba baris berbaris dhateng gor gelarsena Klaten. Lomba dipun estreni dening 27 sekolah tataran SMA lan SMP sa Jawa Tengah Lan DIY, dene ancasipun kangge mupuk jiwa nasionalisme lan jiwa kepemimpinan tumrap siswa. 27 kontingen nedahaken kasagetanipun dhateng sangajenging dewan juri , warganing TNI lan Polri. Saben... {...}

Continue Reading →

Ladosan Perizinan Kedah Cetha

Sleman,www.jogjatv.tv – Wiwit wulan januari, kantor penanaman modal dan pelayanan perizinan terpadu, BPMPPT Kabupaten Sleman boyongan dhateng kantor enggal ing jalan magelang, Padhukuhan Beran Lor, Desa Tridadi, Sleman. Penjabat bupati ngajab ladosan dhateng masyarakat tansaya sae lan wekdalipun kedah cetha. Dinten senen siyang, Penjabat Bupati Sleman, Gatot Saptadi, tetinjo dhateng kantor badan penanaman modal dan... {...}

Continue Reading →

Page 65 of 98