Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

SPBU Dipun Awisi Nyade Solar Murni

SPBU Dipun Awisi Nyade Solar Murni

Sleman, www.jogjatv.tv – indonesia yektinipun sugih bahan nabati ingkang saged dipun tanjakaken kangge damel biodesel kepara mutunipun langkung sae tinimbang bahan bakar jinis solar. Kangge nepangaken biodesel dhateng masyarakat, taun 2016 samangke, Kementrian Energi Sumber Daya Mineral (ESDM) nedheng biwarakaken piguna lan mutu Biodesel 20 dhateng sawetawis wewengkon Indonesia. Dinten Selasa (2/2) siyang sawetawis staf Kementrian ESDM nindakaken sosialisasi manfaat Biodesel 20 dhateng SPBU Ambarketawang, Kecamatan Gamping, Sleman, kanthi ngedum liflet manfaat Biodesel 20 dhateng sopir ingkang tumbas solar sarta masang stiker pemakaian Biodesel 20 dhateng kendaraan berbahan bakar solar.

Miturut peneliti Remigas Kementrian ESDM, Nanang Hermawan, wonten maneka bahan nabati asil pertanian Bangsa Indonesia ingkang saged dipun tanjakaken kangge damel biodesel, antawisipun jagung, jarak, sawit, nyamplung lan klapa. Biodesel boten ngandhut sulfur pramila langkung ramah lingkungan tinimbang solar murni sarta minangka pelumas ingkang ndayani mesin kendaraan awet. Kangge taun punika, biodiesel ingkang dipun tepangaken inggih Biodesel 20. Inggih punika, solar murni ingkang dipun campuri 20 persen biodesel dene reginipun sami kaliyan solar murni. Kanthi wontenipun Biodesel 20 pramila samangke sedaya SPBU ing Indonesia dipun awisi nyade solar murni. (Subardi)

Share this with friends

Comments are closed.