Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sleman Rawan Bencana Alam

Sleman Rawan Bencana Alam

Sleman, www.jogjatv.tv – Kajawi Njagi Kemanan dan Ketertiban Masyarakat, polri ugi wajib ngayomi warga saking maneka bebaya, kelebet ancaman bencana alam. Awit saking punika, warganing polri Polres Sleman kaajab ngindakaken kawaspadan lan tanggap dhateng kawontenan.

Dinten Kemis (11/2) enjing, jajaran Polres Sleman nggelar apel pasukan kesiapan penanggulangan bencana alam ing Lapangan Denggung Sleman,dipun estreni dening warganing polrisarta para relawan. Kangge nggumathokaken cecawisan, inspektur upacara, Wakapolres Sleman niti priksa peralatan penanggulangan bencana alam ingkang dipun samektakaken.

Wakapolres Sleman, Kompol Sri Wibowo mratelakaken, mangsa rendheng samangke, dhateng sawetawis wewengkon tumempuh musibah alam. Awit saking punika, minangka pengayom masyarakat, sedaya warganing Polri Sleman kedah sawega ing babagan penanggulangan bencana alampramila saben polsek ing tlatah Sleman kedah gadhah peralatan dasar penanggulangan bencana alam, antawisipun senso, linggis lan dhadung supados menawi sawanci-wanci dumados musibah alam saged tumuli suka pitulungan.

Wondene Kepala Badan Penanggulangan Bencana Daerah Kabupaten Sleman, Yuli Setiono mratelakaken ngantos samangke Sleman rawan dhateng 7 bencana alam, antawisipun kurdaning redi merapi, bena ladhu, barat ageng, longsor, kekeringan lan kabesmen. Awit saking punika, maneka pehak kedah sawega ngadhepi musibah alam.

( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.