Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sedaya Kecamatan Nggelar Pasar Murah

Sedaya Kecamatan Nggelar Pasar Murah

Sleman, www.jogjatv.tv – Amrih maneka regi kabetahan baku popog, Pemkab Sleman nggelar pasar lebaran dhateng plataran Kantor Disperindagkop Sleman, wiwit tanggal 20 – 25 Juni benjing. Salebeting pasar lebaran ingkang gumelaring 78 stand saking para pelaku usaha mikro kecil dan menengah sa Sleman punika, wonten maneka barang ingkang dipun sade. Antawisipun maneka busana, barang kerajinan sarta maneka olahan pangan. Miturut bupati, gumelaring pasar lebaran kados makaten mbebatheni tumrap produsen lan konsumen. Awit kejawi minangka sara biwara, pasar lebaran kados makaten ugi saged manggihaken langsung antawisipun produsen kaliyan konsumen, satemah regi saged langkung mirah, ingkang tundhanipun saged kangge ngendhaleni regi ing peken. Awit saking punika Sri purnomo ngajab sedaya bebadan swasta lan pemerintah kecamatan ing Sleman saged nggelar pasar lebaran dhateng wewengkonipun piyambak-piyambak satemah sadanguning Romadon regi maneka bahan pangan saged popog.  ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.