Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sadranan Warga Pereng Merapi

Sadranan Warga Pereng Merapi

Boyolali, www.jogjatv.tv – Ndungkap wulan siyam maneka lampah upacara tradisi taksih dipun tindakaken dening bebrayan Jawa. Ing Boyolali, Jawa Tengah, warga dhateng wewengkon pereng Redi Merapi nindakaken kendhurenan lan ngintun dhateng pasareyanipun leluhur.

Sawetawis warga Desa Sukabumi, Kecamatan Cepogo, Boyolali, Jawa Tengah tumuju dhateng psareyan dhusun kanthi mbekta tenongan. Tenongan ingkang dipun bekta dening warga inggih isi sekul, lawuhan, jajan pasar lan maneka jinis wulu wedaling bumi. Sedaya ubarampe kendhuri dipun tata rapi jajar dhateng wewengkon pasareyan dhusun. Sasampunipun dzikir tahlil lan ndedonga, warga lajeng dhahar kembul maneka ubarempe kendhuri wau.

Lampah upacara adat sadranan kados makaten, ajeg dipun tindakaken dening warga ing saben Wulan Ruwah. Kejawi kangge ndongakaken dhateng para leluhur, upacara adat sadranan ugi kangge nyupeketaken sesambetan antawisipun warga. ( Sri Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.