Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi daging ayam mindhak

Regi daging ayam mindhak

Bantul, www.jogjatv.tv – Suwasana ing peken Bantul dinten Rebo (13/1) siyang katingal sepen beda kaliyan dinten padatan, sasampunipun regi sawetawis kabetahan baku mindhak daya beli masyarakat lajeng mandhap. Sawetawis barang kabetahan baku kadosta daging ayam reginipun mindhak, satemah njalari lampah dagang ugi dados lesu.

Fitri salah satunggaling warga nelakaken bingung ngecakaken blanjan kangge blanja maneka kabetahan baku, awit maneka regi barang kadosta brambang, uwos lan maneka sayuran, mindhak. Makaten ugi mindhakipun regi daging ayam kangge lawuh saben dintenipun. Kangge ngawekani bab kasebat, Fitri, lajeng trimah blanja jeroan ayam ingkang reginipun langkung mirah.

Dene Endah bakul daging ayam nelakaken wiwit tumapak warsa enggal kapengker pasokan ayam dhateng kiosipun saya suda. Ing dinten padatan pasokan ingkang dipun tampi ngantos satus ayam, nanging samangke namung pikantuk puluhan ayam kemawon, kanthi regi ingkang sampun awis. Regi limrah daging ayam watawis 25 ewu rupiyah saben kilonipun, nanging samangke reginipun ngantos 40 ewu rupiyah saben kilonipun. Awit kawontenan kasebat saben dinten kepara malah tuna ngantos kalihatus ewu rupiyah. Awit saking punika endah ngajab supados pamarentah tumuli cawe cawe kangge ngawekani bab kasebat. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.