Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Perajin sawangan

Perajin sawangan

Purworejo, www.jogjatv.tv – Desa Tanjunganom, Kecamatan Banyuurip, Purworejo, kawentar minangka desa perajin sawangan kangge peksi dara. Langkung saking seket warga desa punika nekuni pakaryan damel sawangan minangka pakaryan baku.

Salah satunggal perajin sawangan kasebat inggih punika, Akhadi, warga Desa Tanjung Anom, Kecamatan Banyuurip, Purworejo, Jawa Tengah, ingkang sampun nekuni damel sawangan wiwit taun 2007 kapengker. Miturut Akhadi, damel sawangan boten namung minangka pakaryan baku nanging ugi seni ingkang patut dipun rembakakaken. Samangke Akhadi dipun biyantu dening enem tenaga karya inggih sanak sadeherekipun, saben dinten saged produksi kalihdasa sawangan utawi nematus sawangan ing saben wulanipun.

Maneka cakrik sawangan dipun damel dening Akhadi, kepara sampun langkung saking seket cakrik, supados saged rebat unggul kaliyan perajin sanes. Dene regi panyadenipun antawis tigang ewu rupiyah ngantos satus ewu rupiyah gumantung mutunipun lan panyadenipun sampun rumambah dhateng sanjawining rangkah, kadosta dhateng Jakarta, Bandung, Surabaya lan Cilacap.

Sinaosa ing Desa Tanjung Anom mujudaken papan teleng kerajinan sawangan, katitik wonten langkung seket warga ingkang makarya minangka perajin sawangan, nanging miturut para perajin ngantos samangke dereng wonten kawigatosan saking Pemerintah Daerah, gayut kaliyan jinis seni kerajinan punika. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.