Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Perajin Patung Rohani Sepen Welingan

Perajin Patung Rohani Sepen Welingan

Bantul, www.jogjatv.tv – Dungkap natal, sawetawis perajin patung rohani  pisambat awit sepenipun welingan. Miturut pandugi, lesunipun perekonomian nasional, njalari lesunipun panyadening patung rohani kristiani.

Natal, inggih wekdal ingkang dipun antu-antu dening para perajin patung rohani ing Sumbermulyo, Babanglipuro Bantul. Awit saben dungkap natal, kathah welingan patung rohani saking sawetawis kitha nanging  dungkap  natal taun punika, para perajin pisambat jalaran welingan sepen satemah  patung rohani numpuk dhateng gudang.

Miturut Mahmud, pengelola kerajinan patung rohani Malta Jaya ing Sumbermulyo,  welingan regeng ing Wulan Agustus dene dungkap natal samangke welingan mandhap, kamangka padatanipun dungkap natal kathah welingan  ingkang mlebet saking Indonesia sisih wetan. Mindhakipun regi resin lan fiberglass, njalari regi patung rohani kepeksa dipun indhakaken satemah daya beli masyarakat mandhap. Mahmud ngrekadaya damel patung rohani ingkang alit supados usahanipun mboten kukut lan reginipun tetep saged kagayuh dening masyarakat. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.