Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pengetan Ambal Warsa Kemala Bhayangkari

Pengetan Ambal Warsa Kemala Bhayangkari

Solo, www.jogjatv.tv – Pengetan  ambal warsa  Kemala Bhayangkari ingkang kaping tigang dasa enem, dipun gelar dhateng Markas II Polresta Surakarta. Pengetan ambal warsa organisasi istri polisi samangke, mendhet irah-irahan  Gerakan Tertib Lalu Lintas Sejak Usia Dini.

Pengetan ambal warsa  Kemala Bhayangkari dipun kepyakaken dening Kapolresta Surakarta, Komisaris Besar Polisi Ahmad Luthfi, kanthi ngumbulaken balon, ing satengah-tengahing  atusan siswa  TK Kemala Bhayangkari. Salebeting kalodhangan kasebat, para siswa tumut maneka kridha ingkang dipun gelar antawisipun lomba mewarnai lan bimbingan tertib lalu lintas.

Pengetan ambal warsa  Kemala Bhayangkari ugi dipun regengaken dening Tim Poltas Sriti Satlantas Surakarta, ingkang ngadani senam kanthi gerakan 12  pengaturan lalu lintas sarta  regu polisi cilik saking salah satunggaling  SD ing Surakarta.

 

Jumbuh kurikulum 2014, Korlantas Mabes Polri sampun nyawisaken  materi pelajaran tertib berlalu lintas ingkang badhe dipun wucalaken dhateng siswa tataran sekolah dasar ngantos sekolah menengah salebeting mata pelajaran Pendidikan Kewarga Negaraan. Tertib berlalu lintas wigati dipun gegulang wiwit lare taksih alit supados kulina disiplin.(Sazadi Abdilah)

Share this with friends

Comments are closed.