Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pawai Ta’aruf Dungkap Ramadhan

Pawai Ta’aruf Dungkap Ramadhan

Klaten,www.jogjatv.tv – Dungkap Wulan Suci Ramadhan, maneka kridha dipun gelar dening Umat Islam kangge mahargya wulan ingkang kebak berkah punika. Ewonan Warga Muhammadiyah ing Klaten, Jawa Tengah, nggelar Pawai Ta’aruf  langkung Jalan Raya Solo-Jogja.

Pawai Ta’aruf  bidhal saking Kampus Terpadu Muhammadiyah, Delanggu, langkung margi-margi mathis ing tlatah Kecamatan Delanggu, nempuh lampah 5 kilometer. Kajawi dipun regengaken maneka kridha budaya, sawetawis pasarta pawai ugi bekta  sepanduk pangajak nindakaken  ibadah ing Wulan Siyam sarta ngedumaken jadwal imsakiyah lan ngajak umat muslim nindakaken ibadah siyam wiwit dinten Senen (6/6/2016) jumbuh kaliyan  keputusan Pimpinan Pusat Muhammadiyah. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.