Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pasar Murah, Kangge Ngenteng-Entengi Sesanggan Warga

Pasar Murah, Kangge Ngenteng-Entengi Sesanggan Warga

Klaten, www.jogjatv.tv – Minggu kaping  tiga Wulan Romdhon,regi komoditas pangan mindhak kepara popog awis.  kawontenan kasebat njalari  warga kawratan nyekapi kabetahan padintenan.Kanthi ancas kangge ngenteng-entengi sesangganing warga, Pemerintah Desa Jonggrangan lan Muspika Kecamatan Klaten Utara  tembayatan kaliyan warganing DPR RI  sarta salah satunggaling Bank BUMN ngadani pasar murah, nyade paket sembako pengaos Rp.80.000,00 kanthi regi Rp.40.000,00 isi uwos,  gendhis pasir lan lisah goreng.  Miturut Camat Klaten, Utara Endang Widowati sedaya barang ingkang dipun sade langkung mirah tinimbang regi ing peken kangge ngenteng-entengi sesanggan masyarakat awit mindhakipun regi kabetahan baku ing Wulan Siyam samangke.

warga mratelakaken kabiyantu awit gumelaring pasar murah samangke. Lan  ngajab,supados pasar murah sageda dipun gelar kanthi ajeg. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.