Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pangarsa Nagari Kaajab Njagi Lestarining Wewengkon

Pangarsa Nagari Kaajab Njagi Lestarining Wewengkon

Klaten, www.jogjatv.tv –Komunitas Sedulur Banyu Merapi ,Klaten, Jawa Tengah, dinten Rebo (17/2) enjing, nggelar kirab gunungan bidhal saking Tugu Perwari tumuju Kantor Pemkab Klaten. Sawetawis pasarta kirab ugi bekta poster ingkang gambaraken risaking  tlatah Merapi. Miturut koordinator kridha,  Wardiono  ancasipun nggelar kirab gunungan, minangka wujud  raos syukur awit lampahing wisudhan Sri Hartini lan Sri Mulyani minangka Bupati lan Wakil Bupati Klaten sarta kangge ngengetaken supados para pangarsaning nagari nengenaken lestarining wewengkon.  Sedulur Banyu Merapi ugi ngajab supados  Pemkab Klaten lan pehak ingkang kawogan, nandhangi  tetiyang ingkang ngrisak zona konversi.

Salebeting kalodhangan kasebat, Komunitas Sedulur Banyu Merapi ugi ngajak ngaosi pemerintahan Jokowi ingkang tumemen nindakaken  revolusi mental. (Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.