Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pamong Desa Kaajab Boten Ajrih Ngecakaken Dana Desa

Pamong Desa Kaajab Boten Ajrih Ngecakaken Dana Desa

Bantul, www.jogjatv.tv – Wontenipun Undang – Undang Desa nuwuhaken kalih perkawis ingkang beda. Samangke desa gadhah anggaran ingkang cekap  kangge nindakaken program pambangunan kosok wangsulipun para pamong desa ingkang wenang ngecakaken anggaran, rumaos ajrih ngecakaken redana kasebat awit kuwatos menawi klentu.

Dipun panggihi ing saksela-selaning kunjungan kerja dhateng Sumberagung, Jetis, Bantul, dinten  Rebo (24/2) sonten.

Menteri Desa ,Pembangunan Daerah Tertinggal Dan Transmigrasi , Marwan Djafar ngajab supados para lurah lan pamong desa boten ajrih ngecakaken  anggaran dana desa ingkang gunggungipun nggayuh  milyaran rupiyah. Sauger  jujur lan terwaca , Marwan badhe mbelani menawi  ing tembenipun manggihi maneka perkawis nanging menawi  culika ugi badhe dipun tandangi kanthi satrepipun. Ngecakaken  dana desa yektinipun gampil, laporan pertanggungjawaban cekap 2 lembar dene para pamong saged damel program pambangunan sakathah-kathahipun.

Kajawi punika, Marwan ugi ngajab supados aparat penegak hukum boten ngundhat-undhat  para lurah lan pamong ingkang klentu salebeting ngecakaken dana desa.

 

(Anang Zainudin) 

Share this with friends

Comments are closed.