Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Operasi Bibir Sumbing Lelahanan

Operasi Bibir Sumbing Lelahanan

Gunung Kidul, www.jogjatv.tv – Puluhan lare-lare, rumaja lan tiyang sepuh panandhang bibir sumbing, saking sawetawis kecamatan ing Gunungkidul ndhatengi RSUD Wonosari, kangge  tumut operasi lelahanan.Salah satunggaling panandhang bibir sumbing mratelakaken kabiyantu, kanthi wontenipun operasi lelahahan punika lan samangke inggih operasi ingkang kaping kalih.  Salebeting kridha bakti sosial, irah-irahan Senyum Gunungkidul punika wonten 21 panandhang bibir sumbing sarta langit-langit sumbing ingkang dipun operasi. Bakti sosial punika mengku  ancas kangge ngenteng-entengi sesanggan panandhang bibir sumbing ing Gunungkidul.

Salah satunggaling dokter, Theresia Risa Davita mratelakaken, kajawi nindakaken operasi bibir sumbing wonten ing kalodhangan kasebat ugi dipun adani priksan waos lelahanan.  Sasampunipun dipun operasi para panandhang bibir sumbing kaajab saya sengguh  salebeting pasrawungan. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.