Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Mu’allimat DIY Gelar Career Day

Mu’allimat DIY Gelar Career Day

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kangge ndunungaken siswa bab   jenjang bab pendidikan candhakipun Madrasah Muallimat DIY, dinten kemis (22/10) enjing nggelar Career Day. Kridha ingkang dipun gelar sedinten kasebat kangge suka gambaran   tumrap siswa ingkang badhe nglajengaken dhateng pawiyatan luhur utawi dados wirausaha , sasampunipun lulus benjing.

Career Day dipun gelar ing aula Madrasah Muallimat, Suronatan Ngampilan Kota Yogyakarta.    Kridha kasebat dipun sengkuyung dening   20 pawiyatan luhur negeri lan swasta sarta 2 pawiyatan luhur saking ngamanca. Miturut Ketua Badan Pembina Harian Muslimin Dan Muallimat Muhammadiyah Yogyakarta, Agung Danarto , Carier Day piguna   tumrap siswa mliginipun siswa kelas 6 satataran kelas 3 SMA.

Career Day kaping 5 samangke dipun estreni dening siswa 1-6. Salebeting kalodhangan kasebat ugi dipun adani Seminar Perguruan Tinggi lan Seminar Karier. Ancasipun kangge njurung siswa supados greget dados wira usaha.

Carieer Day pikantuk tanggapan gumathok saking siswa. Miturut Fadlina , kridha kasebat mimbuhi seserepan bab pawiyatan luhur kangge nemtokaken pilihan sasampunipun lulus. ( Hari Atmaja )

 

Share this with friends

Comments are closed.