Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Mangsa Rendheng DBD Nular

Mangsa Rendheng DBD Nular

Sleman, www.jogjatv.tv – Tumapak mangsa rendheng, tlatah Sleman mutawatosi tumrap sesakit Demam Berdarah lan Leptospirosis.

Miturut Kepala Dinas Kesehatan Kabupaten Sleman, Mafilindati Nuraini, wiwit tumapak taun 2015 ngantos pungkasan wulan Oktober kapenger, ing Sleman wonten 485 warga ingkang nandhang sesakit Demam Berdarah kepara 5 ing antawisipun tilar donya. Awit nalika tumapak mangsa rendheng, kathah toya ingkang ngembeng pramila kathah uged-uged pramila warga kedah ngindakaken kawaspadan kanthi grengseng nindakaken 4 M, Menutup Bak Penampungan Air, Menguras Penampungan Air, Mengubur Berbagai Barang Bekas dan Memberi Abate Pada Bak Penampungan Air supados uged-uged lemut Aides Agepty boten tumangkar.

Kajawi uged-uged cepet tumangkar, tumapak mangsa rendheng samangke ugi mutawatosi dumadosipun sesakit Leptospirosis, inggih punika sesakit jalaran uyuh tikus ingkang bebayani sanget tumrap kawilujengan. Bathang tikus ingkang kenging virus leptospirosis nalika namung dipun bucal dhateng lepen, toya lepen kasebat saged dados sarana nularipun sesakit leptospirosis. Awit saking punika, bathang tikus kedah dipun pendhem utawi dipun besem, boten pareng dipun bucal waton .

(Subardi)

 

Share this with friends

Comments are closed.