Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lomba Jemparingan Gagrag Mataraman

Lomba Jemparingan Gagrag Mataraman

Klaten, www.jogjatv.tv – Minangka rerangkening upacara adat Yaqowiyyu ing Jatinom Klaten, Jawa Tengah, dipun gelar lomba jemparingan Gagrag Mataraman, mapan ing lapangan Bonyokan. Kecamatan Jatinom, Klaten, Jawa Tengah.

112 atlit panahan saking Klaten, Jawa Tengah, Ngayogyakarta, Jawa Timur, Banten, Kalimantan Timur, Bali, lan kitha ageng sanesipun mupu lomba jemparingan. Pamupu kedah mantheng, supados anggenipun njemparing pener bandulan.

Salebeting lomba , saben pamupu kedah tumut 20 rambahan utawi seri. Saben rambahan kedah nglepasaken 4 jemparing. Bab ingkang dipun biji, kathahing jemparing ingkang nancep dhateng bandulan. Sinaosa bijinipun unggul katitik kathah jemparing ingkang nancep dhateng bandulan nanging menawi pamupu boten ngangge busana adat, tetep dipun telakaken gugur.

(Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.