Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kreteg  Rebug Risak, Pemkab Mbangun Kreteg Gantung

Kreteg  Rebug Risak, Pemkab Mbangun Kreteg Gantung

Purworejo, www.jogjatv.tv – Kreteg Desa Rebug, Kecamatan Kemiri, Purworejo, Jawa Tengah ingkang risak 2 taun kapengker,  samangke dipun gantos dening  Pemkab Purworejo kanthi mbangun kreteg gantung.  Kreteg gantung kasebat sakelangkung migunani tumrap warga awit ngantos samangke  warga nyabrang ngginakaken gethek  ingkang sakelangkung bebayani tumrap kawilujengan tansaya menawi wanci-wanci dumados bena.

Angkahipun wulan Mei benjing, pambangunan kreteg gantung rampung lan saged dipun langkungi kendaraan roda 2 supados kridhaning warga ranag. (Pambudi Nugraha)

Share this with friends

Comments are closed.