Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kraton Kasunanan Surakarta Paring Gelar Bangsawan

Kraton Kasunanan Surakarta Paring Gelar Bangsawan

Solo, www.jogjatv.tv – Rerangken upacara Tingalan Jumenengan Dalem Paku Buwono kaping XIII Hangabehi, kraton kasunanan Surakarta Hadiningrat, paring gelar bangsawan dhateng wolu warga ngamanca, saking Malaysia lan Singapura  sarta dhateng 200 tokoh masyarakat. Gelar bangsawan kaparingaken dening Pengageng Kusuma Wandawa,GPH Puger. Warga ngamanca lan tokoh masyarakat ingkang kaparingan gelar inggih ingkang ageng labuh labetipun tumrap  pangrembakaning kraton, mliginipun ing babagan perniagaan. Upacara wisudhan  dipun tindakaken ing Sasana Handrawina sineksen  Putra-putri Dalem Paku Buwono XIII, antawisipun Gusti Kanjeng Ratu Wandansari. Salebeting kalodhangan kasebat, pehak Malaysia paring bantuwan redana gunggung 30 yuta rupiyah lan bantuwan sembako dhateng para abdi dalem kraton. (Sazadi Abdilah)

Share this with friends

Comments are closed.