Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kepyakan Sekolah Ramah Anak   

Kepyakan Sekolah Ramah Anak   

Yogyakarta,  www.jogjatv.tv — Ing dinten sepisanan mlebet sekolah, Dinas Pendidikan Kota Yogyakarta, ngepyakaken SMA N 1 Yogyakarta minangka Sekolah Ramah Anak, ing tlatah Kota Yogyakarta.

Ancasipun  kangge njurung tiyang sepuh siswa supados tumut cawe-cawe  nggatra  bebuden luhur lare awit boten sawetahiun dados tanggel jawab sekolah.  Kulawarga lan pasrawungan gadhah pangaribawa tumrap bebuden lare. Ngantos samangke, saweg SMA N 1 Yogyakarta ingkang dipun kepyakaken minangka Sekolah Ramah Anak lan kaajab dados tepa tuladha tumrap sekolah  sanes tlatah Kota Yogyakarta. Kangge mangertosi tanggapan tiyang sepuh magepokan pranatan Mendiknas, salebeting  Gerakan Mengantar Anak Pada Hari Pertama Masuk Sekolah, Kepala Dinas Pendidikan  Kota Yogyakarta, Edy Heri Suasana keparing nyemak dhateng sawetawis sekolah, tetela tiyang sepuh  siswa enggal,  kelas I SD, kelas VII SMP lan kelas IX SMA, nuhoni  pranatan Mendiknas kasebat. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.