Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kepyakan Buku Memaknai Tumbuk Ageng GKR Hemas

Kepyakan Buku Memaknai Tumbuk Ageng GKR Hemas

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Komunitas Peduli Pluralisme Yogyakarta, ngepyakaken buku sesirah Memaknai Tumbuk Ageng GKR Hemas, ing  Hotel Ambarukmo, dinten Rebo (21/12) enjing. Buku ;punika dipun kepyakaken minangka wujud raos prihatos  awit Bangsa Indonesia dereng saged uwal saking perkawis sara, sarta wujud pangalembana dhumateng GKR Hemas minangka tepa palupi salebeting rekontruksi budaya pluralisme lan keragaman ing Ngayogyakarta sumrambahipun Indonesia ingkang dereng sinerat.

Ketua panitia ingkang ugi tim penyusun Buku Memaknai Tumbuk Ageng GKR Hemas, Faraz Umaya mratelakaken,  medalipun buku punika ngleresi pengetan ambal warsa  GKR Hemas ingkang kaping 64 taun utawi pengetan  tumbuk ageng, inggih  upacara rerangken lampah gesang utawi  siklus hidup manusia jawa ingkang dipun tindakaken nalika yuswa sepuh. Salebeting pambagyanipun GKR Hemas ngendika, amrih santosaning kerukunan Indonesia ingkang majemuk, inggih kanthi nengenaken pendidikan berbasis multikulturalisme tumrap lare wiwit taksih alit awit ngantos samangke Bangsa Indonesia taksih kembet perkawis sara.

Ngantos samangke GKR Hemas ugi migatosaken komunitas marjinal ing Indonesia, antawisipun Komunitas Dayak Hindu Bumi Segandu Indramayu ingkang warganipun tiyang 400. Sri Sultan Hamengkubuwono X ngendika tumbuk ageng inggih upacara ingkang dipun tindakaken dening bebrayan jawi  nalika yuswa  wolung  windu utawi 64 taun. Yuswa 64 wancinipun manggihaken katentreman lan menep, saya rumaket dhateng Gusti, diwasa salebeting pasrawungan,  ngayahi jejibahan kanthi kebak tanggel jawab sarta lila legawa lan ngadhepi kasunyatan  kanthi  sabar.

Narasumber ingkang rawuh antawisipun tokoh karismatik saking Masjid Jokokaryan, Kyai Jazir, Dosen Filsafat Universitas Indonesia,   Rocky Gerung lan  Nia Sarifudin. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.