Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kelomtan Ngudi Rejeki Panen Raya Jagung Hibrida

Kelomtan Ngudi Rejeki Panen Raya Jagung Hibrida

Sleman, www.jogjatv.tv –Kelompok Tani Ngudi Rejeki Padhukuhan Dhukuh, Desa Tridadi, Kecamatan Sleman, Kabupaten Sleman panen jagung hibrida lan tetela asilipun sakalangkung maremaken. Minangka wujud syukur dhateng gusti ingkang maha kuwaos awit asil panen kasebat, dinten Senen (15/12) siyang Kelompok Tani Ngudi Rejeki ngadani syukuran.

Pangung kangge syukuran dipun tata elok, rinengga jagung asil panenipun para petani warganing klomtan. Wiwit saking pintu mlebet ngantos panggung, rinengga tongkol jagung. Bab punika minangka wujud raos syukur dhateng ngarsaning gusti, awit taneman jagung kelompok tani punika asilipun sakalangkung maremaken, punjul saking pangangkah.

Miturut ketua Kelompok Tani Ngudi Rejeki, Sugiono, jagung ingkang dipun tanem samangke inggih jinis hibrida tongkol 16. Winih dipun tanem wiwitan wulan Agustus kapengker dhateng pasiten ingkang wiyaripun 25 hektar dene bab pangupakawisipun nampi bantuwan redana sarta pembinaan saking Dinas Pertanian Perikanan Dan Kehutanan Sleman sarta Kodim 0 732 Sleman. Taneman jagung ingkang dipun tanem punika racak sampun dipun panen, kanthi asil 14,72 ton jagung garing pipil ing saben hektaripun. Asil panen punika langkung kathah saking asil panen mangsa ketiga taun kapengker, 12,8 ton jagung garing pipil ing saben hektaripun.

Miturut Sugiono, nanem palawija kadosta taneman jagung, kathah bebathenipun. Kejawi asilipun maremaken, nanem jagung ing mangsa ketiga ugi saged kangge medhot siklus hama, mliginipun ama tikus. Awit saking punika warganing Kelompok Tani Ngudi Rejeki Padhukuhan Dhukuh sami sarujuk, saben mangsa ketiga badhe nanem palawija mliginipun jagung.

( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.