Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kawasan Industri Piyungan

Kawasan Industri Piyungan

Bantul, www.jogjatv.tv – Sinaosa sampun wiwit sawetawis taun kapengker, wewengkon Kecamatan Piyungan iring kidul dipun tetepaken minangka kawasan industri, nanging ngantos samangke saweg wonten sawetawis perusahaan kemawon ingkang sampun lumampah. Awit saking punika pamarentah tansah kupiya pados investor ingkang purun ngrembakakaken kawasan industri piyungan. Dinten Selasa siyang Gubernur DIY, ngepyakaken wewengkon piyungan minangka kawasan industri dan pariwisata.

 

Gubernur DIY, Sri Sultan HB X dinten selasa siyang rawuh dhateng Kecamatan Piyungan, kangge nglajengaken rantaman pangrembakaning kawasan industri piyungan, ingkang ngantos samangke dereng saged ngrembaka cundhuk kaliyan pangangkah sakawit. Samangke Sri Sultan ngajak satunggaling perusahaan swasta ingkang badhe ngrembakaken KIP minangka kawasan industri enggal terintegrasi ingkang rendah polutan. Sri Sultan nandhesaken, perusahaan ing kawasan industri piyungan ing tembe kaajab saged ndayakaken 70 ewu tenaga karya. Miturut rantaman perusahaan kasebat badhe lumampah ing tengahing taun 2017 benjing. Sri Sultan piweling dhateng Pemerintah Daerah Bantul supados ing tembe langkung nengenaken tenaga kerja lokal saking piyungan lan sakiwa tengenipun .

 

Camat Piyungan Saroyo Herianto tumuli badhe nyawisaken kawasan industri terintegrasi kasebat, inggih punika ing Kalurahan Sitimulyo lan Kalurahan Srimulyo, sarta badhe langkung nengenaken tenaga karya saking piyungan lan sakiwa tengenipun langkung rumiyin. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.