Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Karnaval Budaya Pengetan Dinten Kamardikan

Karnaval Budaya Pengetan Dinten Kamardikan

Magelang, www.jogjatv.tv – Karnaval pengetan dinten kamardikan, prasasat dipun gelar dhateng sedaya wewengkon Indonesia, kalebet ing  Kabupaten Magelang,  Jawa Tengah. Karnaval ingkang dipun gelar dening warga ing tlatah Pereng Redi Merapi punika beda kaliyan wewengkon sanesipun. Karnaval dipun pucuki dening paraga Jenderal Sudirman lan 7 presiden , wiwit jamaniun  Soekarno ngantos Joko Widodo.

Karnaval pengetan dinten kamardikan ing Kecamatan Srumbung , Kabupaten Magelang dipun sengkuyung 150  kelompok , pelajar , ormas , perangkat desa  lan petani sarta pelaku UMKM.

Paraga  Jenderal Sudirman lan  presiden sengaja dipun pitontonaken salebeting karnaval, kangge ngengetaken  perjuwangan para pahlawan  ngrebat kamardikaning nagari supados  saged dipun tulad dening masyarakat salebeting ngisi kamardikan.( Yuki Pramudya )

Share this with friends

Comments are closed.