Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

JAGA WARGA

JAGA WARGA

Gunungkidul, DIY www.jogjatv.tv Kesbanglinmas Daerah Istimewa Yogyakarta tansah nyemak lan suka arahan dhateng masyarakat gayut kaliyan kridha jaga warga. Jaga warga inggih badhe tansah dipun grengsengaken amrih keamanan lan katentremanipun warga piyambak.

Jaga Warga inggih wujud pengorganisasian perlindungan warga ingkang dipun tindakaken dening masyarakat kangge njagi lan nuwuhaken malih piwulang luhur tumrap masyarakat. Forum Jaga Warga inggih satunggaling wadhah koordinasi antawisipun Jaga Warga ingkang kadhapuk ing tataran desa, kecamatan, kabupaten lan provinsi, inggih kangge ngayomi warga amrih tansah rumaos aman, tentrem lan tertib. Dene ingkang langkung dipun tengenaken inggih punika guyub rukun, sukarela, swadaya lan swakarsa sarta partisipasi.

Amrih Jaga Warga saged tumanja, Kesbanglinmas DIY tansah grengseng ngadani pepanggihan kaliyan masyarakat, kadosta pepanggihan ing Gunungkidul mapan ing aula Kecamatan Wonosari. Salebeting kalodhangan kasebat tigang desa sampun ngrantam maneka kridha jaga warga, antawisipun nggrengsengaken malih rondha, PKK lan Posyandu.

Kepala Bidang Kesbang DIY, Amiarsi Harwani mratelakaken, kridha ingkang dipun gelar ing Kabupaten Gunungkidul inggih rerangkening kridha ingkang sampun dipun tindakaken saderengipun.Bab kasebat kangge mangertosi sedaya perkawis ingkang tuwuh lan mbiyantu ngrantam rancangan kridha amrih saged langkung sae malih. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.