Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

HARI CUCI TANGAN PAKAI SABUN SE DUNIA

HARI CUCI TANGAN PAKAI SABUN SE DUNIA

Purwaorejo, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Atusan siswa SD saking 16 kecamatan sa Kabupaten Purworejo, dinten Senen (19/10) siyang,tumut pengetan Hari Cuci Tangan Pakai Sabun Sedunia.Kanthi kridha punika kaajab masyarakat saged tansah ngecakaken pola hidup bersih kanthi pakulinan wijik mawi sabun.

Salebeting kalodhangan punika, lare-lare ngecap tangan dhateng satunggaling spanduk mawi seratan Peringatan Hari Cuci Tangan Pakai Sabun Sedunia,lan kalajengaken wijik sesarengan mawi sabun.Pengetan Hari Cuci Tangan Dengan Sabun Sedunia punika kangge nggegulang lare lan masyarakat bab wigatinipun resikan.

Salebeting pengetan Hari Cuci Tangan Pakai Sabun Sedunia samangke,Purworejo dados Tempat Sasaran Daerah Sehat,lan dhateng saindenging Propinsi Jawa Tengah namung Kabupaten Purworejo ingkang nggelar pengetan Hari Cuci Tangan Pakai Sabun Sedunia punika.

Pambudi Nugroho

Share this with friends

Comments are closed.